Casquets

Péta Kepuloan Kanal, nuduhaké lokasi Casquets

Les Casquets utawa Casquets, (49°43.′4″N 2°22.′7″W / 49.71778°N 2.36861°W / 49.71778; -2.36861) iku siji golongan pulo karang cilik-cilik, watara 13 km lor-kulon Alderney lan minangka péranganing pagunungan watu wedhi sajeroning sagara. Pérangan liya kang muncul ing lumahing sagara yaiku wujud pulo cilik Burhou lan Ortac. Sethithik banget tetuwuhan kang urip ing pulo iki. Asalé jeneng pulo iki miturut téyori ana telung warna, yaiku: asal saka basa Perancis cascade kang nyinggung bab lubèring (banyu sagara) nalika pasang naik. Téyori liyané kang nyebutaké asal saka tembung casque kang tegesé watu kang wanguné kaya hèlm. Téyori katelu yaiku asal saka tembung "cas" (tugel) lan "quet" (watu). Sawijining péta tuwa (Leyland map) udakara taun 1640 mènèhi jeneng saka basa Latin, Casus Rupes (watu tugel), kang manawa paling cocog karo téyori katelu mau.[1].

  1. Alderney Place Names, Royston Raymond, 1999 Alderney ISBN 0-9537127-0-2

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy