Konservasi

lestarékaké aku

Konservasi kadadéan saka tembung Conservation kang tegesé nglestarékaké sabarang apa kang dinduwéni.[1] Konservasi uga nduwéni teges nggunakaké lan dayagunakaké sumberdaya alam kanggo nyukupi kebutuhané manungsa kang cacahé akèh lan wektu kang suwé.[2]

Konservasi ora mung migunakaké nanging uga njaga lan ngembangaké potensi iku.[3] Miturut data bank donya, ing taun 2008 meh saben dinané 50.000 bocah mati amarga masalah sanitasi banyu.[3] Konservasi ana warna-warna, kaya ta konservasi banyu, lemah, tuwuhan, lenga bumi, batu bara, lan liya-liyané.[3] Konservasi lemah lan banyu kang uga diarani pengawétan lemah nduwéni teges sabarang rékadaya kanggo njaga lan ngundhakaké produktivitas lemah, kalebu uga kualitas lan kuantitas lemah saéngga bisa ncegah erosi. Saliyané iku uga bisa njaga cacahé banyu resik kanggo kabutuhan sabendinane.[4] Ora mung barang kang konkret nanging konservasi aji lan moral uga diperlokake amarga konservasi aji lan moral bisa ngundhakaké lan gawé teteg karakter utawa aji kapribadèn bangsa.[5]

Konservasi uga nduwé teges njaga lan nglestarékaké.[6] Konservasi asalé saka tembung basa Inggris, ya iku tembung ''Conservation'' kang tegesé nglestarékaké.[6] Miturut ngèlmu lingkungan,tembung konservasi nduwé teges.[7]

  • Rekadaya kanggo nglestarékaké lan njaga ènergi, produksi, transmisi, utawa distribusi kang akibaté bisa ngurangi konsumsi ènergi.
  • Njaga lan nglestarékaké lingkungan sumber daya alam.
  • Transformasi fisik
  • Nglestarékaké supaya awét suwé.
  • Keyakinan yèn habitat alami sawijining wewengkon bisa kaolah, saéngga akèh kéwan lan wit-witan kang urip lan ora cures. Saliyané iku uga habitat kanggo urip kéwan lan tuwuhan bisa tetep asri.
  1. Pendaki Eror.com Archived 2011-02-24 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 22 Maret 2011)
  2. Oppapers.com[pranala mati permanèn] (dipunundhuh tanggal 27 Maret)
  3. a b c Konservasi Archived 2011-02-24 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 27 Maret 2011)
  4. Pengertian Konservasi (dipunundhuh tanggal 27 Maret 2011)
  5. Suara Merdeka.com Archived 2010-06-10 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 27 Maret 2011)
  6. a b [Reif, J.A. Levy, Y. 1993. Password: Kamus Basa Inggris Untuk Pelajar. PT. Kesaint Blanc Indah Corp. Bekasi. 1993]
  7. [1](dipunundhuh tanggal 5 April 2011)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy