Murtidjono

K.R.T. Martinus Joseph Murtidjono utawi langkung misuwur kanthi asma Murtidjono (lair ing Salatiga, Jawa Tengah, 10 Juli 1951 – pati ing Surakarta, Jawa Tengah, 3 Januari 2012 ing umur 60 taun) inggih punika salah satunggalipun sastrawan lan budayawan saking Indonésia. Murtidjono kalebet salah satunggalipun tokoh ingkang mandhégani ngadegipun Taman Budaya Jawa Tengah, ingkang salajengipun dados pangarsa wonten mriku selangkung taun.[1] Sesarengan Halim HD, Arief Budiman, lan Ariel Heryanto, piyambakipun mandhégani wontenipun adicara Sastra Kontekstual ingkang dipun-cakaken ing Monumen Pers Nasional, Kutha Surakarta surya 28 dumugi 29 Oktober 1984. Adicara punika ngasilaken satunggalipun buku sesirah Perdebatan Sastra Kontekstual.

  1. Mengenang Murtidjono, kapundhut 5 Maret 2015

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy