Pasola

Tradhisi Pasola ing Sumba

Pasola ya iku dolanan perang-pérangan antarané rong golongan kang numpaki jaran lan padha mbalang lembing utawa tombak ing sawijining tanah sesuketan ing Sumba Nusa Tenggara Wétan.[1] Jeneng Pasola asalé saka tembung sola sing tegesé tombak kayu, banjur éntuk ater-ater pa- saéngga tegesé dadi dolanan kang nggunakaké tombak.[1] Pasola dadi péranganing rantaman upacara tradhisional sing ditindakaké déning wong Sumba sing isih ngenut agama asli sing diarani Marapu.[1] Padatan dolanan Pasola dianakaké ing patang désa sing ana ing Kabupatèn Sumbar Barat, ya iku ing Kodi, Lamboya, Wonokala, lan Gaura.[1] Déné upacara iki kaleksanan kanthi cara giliran ing antarané wulan Fèbruari nganti Maret saben tauné.[1] Pasola ditindakaké ing latar sing amba, ditonton warga saka rong golongan sing tandhing, masarakat umum, uga wisatawan asing utawa lokal.[1] Saben golongan ana 100 wong enom kanthi gegaman tombak sing digawé saka kayu pucuké bujel lan diamèteré kira-kira 1,5 cm.[1]

  1. a b c d e f g Pasola, Permainan Perang di Sumba(dipunundhuh 8 Dhésèmber 2012)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy