Ranggawarsita

Ranggawarsita, Serat Condrorini, p14

Raden Ngabehi Ranggawarsita (Surakarta, 14 Maret 1802-Surakarta, 24 Dhésèmber 1873), iku pujangga Jawa. Panjenengané asal saka kulawarga pujangga kraton Surakarta kang misuwur, yaiku kulawarga Yasadipura. Lair kanthi asma Bagus Burhan, dina Senin Legi, tanggal 10 jam 12 awan, wulan Dulkaidah, taun Be 1728, putra pambarep saka Mas Ngabehi Ranggawarsita (kondhang minangka Pajangswara / Pajangsora), abdi dalem Panewu Carik Kadipatèn Anom. Ibu Raden Ngabehi Ranggawarsita yaiku Nimas Ajeng Ranggawarsita, putri saka Mas Ngabehi Suradirja Gantang kang wasis banget nembang macapat gaya palaran. Nalika Raden Ranggawarsita alit, namanipun Bagus Burhan. Sawisé disapih Bagus Burhan banjur diasuh déning Empu Tanujaya. Sasampunipun makarya ing kraton namanipun Ranggawarsita. Kauripan pujangga Ranggwarsita ana ing lingkungan kraton Jawa kang kebak konsèp logika, ètika, lan èstètika. Asil karya Raden Ranggawarsita punika babagan Babad, Filsafat keagamaan, primbon, sajarah pewayangan, peribahasa Jawa.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy