Abang

Kothak iki nuduhaké warna abang.
 

Abang utawa basa Jawa krama abrit, iku warna kang kagolong sajeroning warna primèr (abang, ijo lan biru), kang duwé frekuensi cahya paling endhèk kang kasatmata utawa bisa dideleng déning mata manungsa. Cahya abang duwé panjang gelombang watara 630-760 nm. Getih kang diwènèhi oksigèn dadi awarna abang amarga anané hemoglobin. Cahya abang iku cahya kang pisanan diserep déning banyu sagara, saéngga akèh iwak lan invèrtebrata sagara kang warna abang mbranang dadi katon ireng ing sajeroning sagara, habitat asliné.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy