Al-Hasakah

al-Hasakah
الحسكة
Kutha
al-Hasakah kapernah ing Syria
al-Hasakah
al-Hasakah
Location of al-Hasakah in Syria
Koordhinat: 36°30′28″N 40°44′47″E / 36.507867°N 40.7462671°E / 36.507867; 40.7462671Koordhinat: 36°30′28″N 40°44′47″E / 36.507867°N 40.7462671°E / 36.507867; 40.7462671
Nagara Suriah
Kagubernuran Suriahal-Hasakah
Dhistrik ing Suriahal-Hasakah
Subdhistrikal-Hasakah
Élepasi300 m (1,000 ft)
Cacah warga (2004)[1]188,160
 • Métro251,570
Zona wektuEET (UTC+2)
 • Usum panas (DST)EEST (UTC+3)
Kodhe laladan+963 52
GeocodeC4360

Al-Hasakah (Arab: الحسكة‎‎, Kurdhi: Hesîçe‎, Syriac: ܚܣܟܗ‎, salin aksara Ḥasake, Basa Turki: Haseke), uga dikenal mawa jeneng Al-Hasakeh, Al-Kasaka utawa mung Hasakah, ya iku kutha krajané Kagubernuran Al-Hasakah sing dumung ana ing puncit lor-wétané Suriah.[2] Al-Hasakah minangka salah sawijining kutha sing kalebu ing sepuluh kutha gedhé dhéwé ing Suriah, lan kutha gedhé dhéwé ing Kagubernuran Al-Hasakah, kanthi cacah wong 188.160 ing taun 2004. Kutha iki minangka punjer administratifé nahiyah (subdhistrik) sing dumadi saka 108 pomahan kanthi gunggung cacah jiwa 251.570 wong ing taun 2004.[1]

Populasiné Al-Hasakah dumadi saka manéka warna golongan ètnis, kaya ta wong Kurdhi, wong Arab, lan wong Suryani uga ana sawenèh wong Armènia.[3][4] Kali Khabur mili ngliwati kutha Al-Hasakah lan wewengkon liyané ing kagubernuran Al-Hasakah.

Kutha Al-Hasakah prenahé 80 kilometres (50 miles) sakidulé kutha Qamishli, tapal watesé Turki. Kali Khabur, anak kali saka Kali Euphrates mili satengahing kutha, downriver saka Ras al-Ayn, kutah tapal wates liyané. Kali Jaghjagh mili marang Kali Khabur ing Al-Hasakah.

  1. a b "2004 Census Data for Nahiya al-Hasakah" (ing basa Arab). Syrian Central Bureau of Statistics. Dibukak ing 15 October 2015. Also available in English: UN OCHA. "2004 Census Data". Humanitarian Data Exchange. Dibukak ing 4 December 2015.
  2. "Al-Kasaka, Syrian Arab Republic:: city code..." Phone Area Code and Dialing. Diarsip saka sing asli ing 3 January 2017. Dibukak ing 2 January 2017.
  3. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng vice
  4. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng yahoo

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy