Arsik

Arsik ulam mas
Arsik
250px
Arsik ulam mas
AjanganUtama
Panggonan asalIndonesia
Tlatah utawa prajaSumatera Lor
DigawéBatak
Hawa ajanganPanas utawi suhu ruangan
Woworan pokokIkan berbumbu
Buku masakan: Arsik  Médhia: Arsik

Arsik inggih punika salah satunggaling olah-olahan khas wewengkon Tapanuli ingkang kondhang.[1] Masakan punika dipunmangertosi ugi minangka ulam mas bumbu kuning. Ulam mas punika ingkang dados bahan utama. Ulam punika nalika dipun-ginakaken boten dipunicali sisikipun.

Bumbu arsik punika khas sanget, gadhah kandhutan sapérangan komponèn ingkang khas saking wewengkon pareden (pagunungan) Sumatera Lor,[2] kadosdéné andaliman lan asem cikala (woj kecombrang), kejawi bumbu nuswantara ingkang sampun limrah kadosdéné laos lan seré. Bumbu-bumbu ingkang dipundamel alus lajeng dipunolesaken dhateng awakipun ulam sawetawis wekdal. Menawi sampun lajeng ulam kasebat dipunmasak kanthi ngginakaken lisah/ minyak ingkang sekedhik lan ugi ngginakaken geni ingkang alit kemawon dumugi radi garing.

  1. "Arsik Recipe (Spiced Carp with Torch Ginger and Andaliman – Mandailing Style)". Indonesia Eats. 12 July 2012. Diarsip saka sing asli ing 17 October 2020. Dibukak ing 5 January 2018.
  2. http://www.harian-global.com/index.php?option=com_content&view=article&id=16324:apa-kabar-andalimanku&catid=27:bisnis&Itemid=59[pranala mati permanèn]

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy