Babi guling

Babi guling
Seporsi babi guling
Panggonan asalIndonésia
Tlatah utawa prajaBali
DigawéSuku Bali
Buku masakan: Babi guling  Médhia: Babi guling

Babi guling (ing Bali karan be guling) iku sawijining panganan kang digawé saka anak babi, kang wetengé diisi bumbu lan janganan kaya déné godhong ketéla pohung lan dipanggang sinambi diputer-puter nganti mateng. Babi guling biyasa digunakaké ing upacara adat lan kaagamaan ing Bali, nanging saiki babi guling wis didol minangka hidangan ing warung-warung, omah mangan, malah ing hotèl-hotèl tinamtu ing Bali. Jeneng babi guling ing laladan Bali kondhang kanthi jeneng be guling. Sabeneré be guling bisa digawé saka jinis daging liyané kaya bèbèk lan pitik. Babi guling kang paling misuwur asal saka kabupatèn Gianyar.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy