Basa Afrikaans

Basa Afrikaans
Pronunciation [ɐfriˈkɑːns]
Dituturaké ing Afrika Kidul, Namibia
Gunggung panutur 7,1 yuta
Rumpun basa Cithakan:Infobox Language/genetic2
Sistem tulisan
Status resmi
Basa resmi ing Bendera_Afrika Selatan Afrika Selatan
Recognised minority language in Bendera_Namibia Namibia
Regulated by Die Taalkommissie
Kodhe basa
ISO 639-1 af
ISO 639-2 afr
ISO 639-3 afr
{{{mapalt}}}
Tlatah warna biru tuwa iki nuduhaké tlatahé panyatur basa Afrikaans



Afrikaans iku salah sawijining basa Jermanik Kulon kang dipituturaké ing nagara Afrika Kidul, Namibia lan, kanthi cacah panyatur luwih sithik, ing nagara Botswana lan Zimbabwé.

Basa iki asal mulané saka cangkriman basa Walanda cara Hollandik Kidul kang dadi basané padinan warga Éropa mligi kang asalé saka Walanda awit abad angka 17-18. Basa Afrikaans suwi-suwi awit jaman semono dadi béda karo basa asalé. Mulané, kadhang kala basa Afrikaans diarani turunané basa Walanda. Basa iki dadi basa tuturané asli wong Afrikaner lan wong kulit warna ing Afrika Kidul.

Tembung-tembung kang ana ing basa Afrikaans iki 95%-é asalé saka basa Walanda. Turahané silihan saka basa-basa kaya ta Portugis, Malayu, Bantu, Khoisan, Jerman, lan sapanunggalané. Dadiné, panyatur basa Afrikaans karo basa Walanda bisa mangertèni siji karo liyané sanajan ana béda sithik ing pangucapan lan paramasastrané (gramatiké).

Basa Afrikaans duwé panyatur asli kira-kira wong 7 yuta utawa 13,5%-é warga Afrika Kidul utawa basa nomer telu kang paling akèh dipituturaké. Basa iki salah siji saka sawelas basa resmi ing nagara iku. Liyané Afrika Kidul, basa iki dadi lingua franca ing nagara Namibia saemper karo basa Inggris lan Jerman, mligi ing wewengkon Kutha Windhoek. Sanajan basa Inggris dadi basa resmi siji-sijiné ing Namibia, basa Afrikaans lan Jerman tetep diakoni minangka basa enggonan.

Gunggungé panyatur basa Afrikaans ana kira-kira wong 15 nganti 23 yuta.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy