Basa Jepang

Basa Jepang
日本語 [Nihongo]
Dituturaké ing Jepang, Guam, Kapuloan Marshall, Palau, Taiwan
Wilayah Asia Timur, Oseania
Gunggung panutur 127 juta
Ranking 8
Rumpun basa Ora diklasifikasi

 Jepanik
  Jepang

Status resmi
Basa resmi ing Jepang (de facto), Angaur (Palau)
Regulated by Pamaréntah Jepang
Kodhe basa
ISO 639-1 ja
ISO 639-2 jpnCithakan:Infobox Language/SIL14
ISO 639-3



Cithakan:Infobox Language/IPA notice

Basa Nippon (basa Jepang) (Aksara Jawa: ꦧꦱꦤꦶꦥ꧀ꦥꦺꦴꦤ꧀ ꧈ ꦧꦱꦗꦼꦥꦁ )Ngenani wuni iki rungokna  (日本語; romaji: Nihongo) iku nagarabasa ing Nippon lan cacahing panyatur 127 yuta wong.

Basa Nippon uga dipigunakaké déning sawatara sing ndunungi nagara sing tau ditelukake kaya Korya lan Républik Cina. Basa iki uga bisa dirungokaké ing Amérika Sarékat (Keliforn'yah lan Haway) lan Brasil lantaran pindhahing wong Jepang mrana. Nanging, tedhak turuning wong Jepang sing diarani nisei (二世, angkatan kaloro), wis ora wasis basa mau.

Basa Jepang kapérang rong wangun ya iku Hyoujungo (標準語), carabasa baku, lan Kyoutsugo (共通語), carabasa lumrah. Hyoujungo iku wangun sing diajaraké ing sekolah lan dipigunakaké ing télépisi lan kabèh kaanan resmi.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy