Basa Sangsekerta

Sangsekerta
saṃskṛtam
Gambar:Sanskrtam devanagari javanese.png
Pronunciation [səmskr̩t̪əm]
Dituturaké ing India Agung
Gunggung panutur
Rumpun basa Cithakan:Infobox Language/genetic2
Sistem tulisan Tanpa aksara asli. Ditulis nganggo manéka aksara saka kulawarga Brahmi.[1]
Status resmi
Basa resmi ing India
Regulated by No official regulation
Kodhe basa
ISO 639-1 sa
ISO 639-2 san
ISO 639-3 san



Cithakan:Infobox Language/Indic

Basa Sangsekerta/ Sangskretā (Jawa: ꦨꦴꦰꦱꦁꦱ꧀ꦏꦽꦠꦩ꧀), (saṃskṛtam , asliné संस्कृता वाक् saṃskṛtā vāk, "basa rinengga") iku basa Indo-Éropa kang lawas dhéwé lan isih disinaoni. Sejarahé kalebu kang dawa dhéwé, tèks tuwa dhéwé ing basa iki, Rgwéda dianggit ing watara taun 1500 SM.[2] Basa Indo-Éropa liyané kang bisa nandhingi 'umuré' basa iki saka kulawarga basa Indo-Éropa namung basa Hitit.[3] Basa Sangsekerta iku basa suci utama agama Hindhu lan Buda.[4] Saiki basa iki kalebu salah siji saka 22 basa resmi ing India. Banjur ing praja Uttarakhand.

basa Sangsekerta Klasik iku basa kang wis dibakokaké déning Pāṇini, ing layang paramasastrané ing watara abad kaping 4 SM. Posisi basa iki ing anak bawana India lan Asia Kidul Wétan mèmper karo posisi basa Latin lan Yunani ing Éropa minangka basa Klasik. Basa Sangsekerta ndarbèni pangaribawa kang gedhé marang sapérangan gedhé basa ing anak bawana India lan uga ing Asia Kidul Wétan.

Basa Sangsekerta saka mangsa pra-klasik diarani basa Sangsekerta Wéda. Basa iki kang dienggo ngripta Rgwéda lan mbokmanawa wis dienggo wiwit taun 1500 SM.

  1. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng Banerji 1989
  2. Encyclopaedia Britannica, diaksès tanggal 9 April 2011
  3. Dokumèn ing basa Hitit luwih tuwa tinimbang tèks basa Sangskerta kang tuwa dhéwé: Encyclopaedia Britannica diakses tanggal 9 April 2011
  4. basa suci liya agama Buda iku basa Pali.Encyclopaedia Britannica

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy