Basa krama

Basa krama (uga kaaran subasa lan parikrama[1]) iku basa Jawa kang nganggo tembung krama. Duk nguni, basa krama kapérang telu: wredha krama, kramantara, lan mudha krama, dalah pernahé ana ing dhuwuring basa madya. Saiki, basa krama kapérang loro: basa krama lugu lan krama alus. Tataraning basa krama ana ing sadhuwuring basa ngoko.[2]

  1. Sasradiningrat & Wirapustaka 1903, kc. 1082.
  2. Suwadji 2013, kc. 11.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy