Basa ngoko

Basa ngoko iku basa Jawa kang nganggo tembung, ater-ater, lan panambang ngoko. Ater-ater lan panambang ngoko ana dak-, ko-, di-, -ku, -mu, -(n)é, lan -(k)aké.

Saka panganggoné jaman saiki, ana basa ngoko kang dianggep alus lan ora alus. Mula, basa ngoko banjur kapérang loro: basa ngoko alus lan basa ngoko lugu. Duk nguni, basa ngoko kapérang telu: ngoko lugu, ngoko antya-basa, lan ngoko basa-antya.[1]

Basa ngoko minangka dhasaring basa Jawa. Duk nguni, sandhuwuring basa ngoko ana basa madya, banjur basa krama ana ing dhuwur dhéwé utawa ing sadhuwuring basa madya. Saiki, ing sandhuwuring basa ngoko ana basa krama baé.

  1. Suwadji 2013, kc. 10–11.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy