Basa pamrograman

Basa pamrograman, utawa kerep uga diistilahké kanthi jeneng Basa komputer, iku tèknik komando/instruksi standar kanggo maréntah komputer. Basa pamrograman iki minangka sawijining sèt aturan sintaks lan semantik kang dianggo ndefinisi program komputer. Basa iki ndadèkaké programmer bisa nemtokaké kanthi persis data endi kang bakal diolah déning komputer, kepriyé data iki bakal disimpen/diteruskan, lan jinis langkah apa kanthi persis kang bakal dijupuk sajeroning manéka kaanan.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy