Bedhaya

Bedhaya Ketawang

Bedhaya inggih punika jogèd utawi beksa ingkang dipun-beksa déning kenya cacah sanga. Bedhaya saking tembung ambedhaya ateges nari. Beksan Bedhaya inggih punika salah satunggaling beksa ingkang asipat sakral dipun-ripta déning Panembahan Sénopati kaliyan Kanjeng Ratu Kidul. Rikala jaman samanten beksan bedhaya punika namung dipun-gelaraken wonten lingkungan kraton kémawon lan tiyang anjawi kraton boten saged mirsni awit beksan bedhaya punika kagolong beksan ningrat lan sakral. Beksan bedhaya dipun-sebat beksan sakral amargi jogèd punika ngandhut suraos falsafah tiyang gesang ingkang agung, mirungganipun kanggé tiyang Jawi.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy