Boston

Boston iku kutha krajan lan kutha gedhé dhéwé ing Massachusetts ing Amérika Sarékat; madeg ing taun 1630 minangka koloni utama Parusahan Lempongan Massachusetts. Boston uga dadi kutha krajan saka wewengkon ora resmi New England. Kutha iki salah siji kutha tuwa dhéwé lan paling sugih ing A.S., kanthi basis ékonomi ing babagan pendhidhikan, perawatan kaséhatan, kauangan, lan tèknologi canggih. Jeneng julukané kalebu "Beantown", "The Hub", lan "Atena Amérika", amarga pengaruhé marang budaya, intelektual, lan pulitik.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy