Cucur

     
Kue Cucur

Cucur inggih punika salah satunggaling jajanan pasar kas Jawa, Indonésia. Cucur punika raosipun manis lan éca.[1] Kathah tiyang ingkang remen dhahar kuwé cucur punika amargi reginipun mirah saha raosipun éca, legi, gurih, empuk ing tengahipun, saha renyah ing pinggiripun. Kuwé cucur punika gampil dipundamel saha boten betahaken wekdal ingkang dangu kanggé damelipun. Cara damel kuwé cucur punika prasaja sanget amargi cekap namung dipungorèng kémawon. Dadosipun boten prelu kuwé cucur punika ndadak dipunoven utawi dipunpanggang. Asiling wujud kuwé cucur punika bunder kados wulan.

  1. [1] Archived 2012-04-14 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 19 Novèmber 2012)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy