Dhawet

Bakul Dhawet ing Pasar Malang taun 1935

Dhawet utawa céndhol yaiku wédang kang digawé saka bahan santen klapa diwénèhi gula jawa utawa gula klapa, lan dicampur céndhol, ditambah irisan nangka utuwa kolang kaling. Lumrahé ditambah ès supaya seger. Akèh variasi wédang dhawet iki, gumantung kasenengan lan kréatifitasé sing nggawé. Ana kang aran dhawet durén, utawa dhawet ayu saka Banjarnegara.[1]

Bakul Dhawet ing jaman saiki
  1. "Dawet Ayu Banjarnegara". Diarsip saka sing asli ing 2012-01-20. Dibukak ing 2012-06-08.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy