Endhog

Endhog pitik lan endhog puyuh

Endhog iku zigot kang diasilaké liwat fèrtilisasi sèl endhog saka manuk lan reptilia lan fungsiné ngrumat lan njaga èmbriyo.[1] Endhog-endhog reptilia lan manuk kabuntel kulit (thothok), kang duwé pori kanggo ambegan.[1]

Sabeneré mèh kabèh jinis endhog bisa dipangan, nanging mung sawatara jinis endhog waé kang biyasa dipangan minangka lawuh utawa tamba.[1] Endhog kang biyasa dikonsumsi antarané endhog saka unggas kaya pitik, bèbèk, banyak lan sawatara jinis manuk kaya manuk unta lan manuk puyuh.[1] Minangka bahan panganan endhog duwé kandhungan gizi kang cukup pepak, antarané karbohidrat, protéin lan wolung warna asem amino saéngga migunani tumraping awak manungsa, mligi kanggo bocah cilik kang isih ana ing mangsa patuwuhan.[1]

Endhog dadi salah sawijining sumber protèin kéwani kang rasané énak, gampang dicerna, lan giziné akèh.[2] Endhog uga gampang tinemu lan regané murah.[2] Endhog bisa kagunakaké dadi lawuh, bahan campuran panganan, glepung endhog, lan tamba.[2] Endhog kang bisa kanggo tamba ya iku endhog pitik kampung.[2] Endhog ngandhut protèin 13 %, lemak 12 %, vitamin, lan mineral.[2] Gizi endhog kang paling akèh ana ing endhog kang rupané kuning.[2] Endhog kang rupané kuning ngandhut asem amino esensial kang dibutuhaké awak lan mineral kaya ta dat wesi, pospor, dat kapur, lan vitamin B komplèk.[2] 50 persèn protèin lan kabéh lemak ing endhog ana ing endhog kang rupané kuning.[2] Endhog kang rupané putih kang cacahé kurang luwih 60 persèn saka endhog ngandhut 5 jinis protèin lan karbohidrat.[2] Nanging endhog nduwéni sipat gampang rusak, embuh amarga karusakan alami, kimiyawi lan karusakan kang disebabaké mikroorganisme kang lumebu ing pori endhog.[2] Mulané usaha kanggo ngawètaké endhog wigati banget kanggo njaga kwalitas endhog.[2]

Endhog luwih apik digodhog setengah mateng tinimbang digodhog nganti mateng.[2] Endhog kang digorèng nganti garing uga kurang apik, awit protèin endhog ngalami denaturasi utawa rusak, tegesé protèin ing endhog rusak.[2] Jinisé endhog ya iku endhog pitik kampung utawa ras, endhog bèbèk, endhog puyuh.[2]

  1. a b c d e Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng internet1
  2. a b c d e f g h i j k l m n http://www.warintek.ristek.go.id/ Archived 2011-08-13 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 8 Mèi 2011)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy