Gadho-gadho

Aksara Latin
     
Pangolahan gado-gado lagi dicepakake.
Resep gado-gado

Gadho-gadho minangka salah sawijining panganan sing asalé saka Indonésia awujud janganan sing digodhog lan dicampur dadi siji nganggo sambel kacang (utawa sambel kang digawé saka kacang karo gula jawa sing diuleg), banjur diwènèhi endhog irisan. Umumé akèh sing nyampuraké kenthang godhog sing wis diuleg kanggo sambel gado-gado. Carané yaiku kenthang diolah bareng karo sambel kacangé. Sawisé sambel dicampuraké karo janganan mau, banjur diwénéhi bawang goreng, emping goreng, lan bisa uga krupuk.

Gadho-gadho bisa dipangan ngono waé nganggo sambel kacang, ananging uga bisa dipangan bebarengan karo sega putih utawa lonthong.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy