Gamelan

Saperangkat instrumen Gamelan

Gamelan iku kagunan musik tetabuhan tradhisional aseli saka Indonésia mligi ing pulo Jawa, Madura, Bali lan Lombok.[1] Tembung gamelan dhéwé iku asalé saka basa Jawa yaiku "gamel" kang duwé makna "tabuh".[2] Isi gamelan iku saprangkat piranti musik kang dienggo ngiringi tembang, utawa ditabuh tanpa tembang minangka klenèngan.[1] Jinis musik iki kasebar nganti tekan pulo-pulo ing saindenging tlatah Nusantara lan saiki malah wis kasebar rata nganti Amérika, Éropah lan tlatah liyané.[1] Jinis musik tradhisional liya kang mèmper karo gamelan uga ana ing Filipina, Malaysia lan Suriname.[2]

Gamelan duwé melodhi kang magis utawa nduwé daya supranaturalsupranatural, mula swarané gamelan diarani mélodi utawa wirama perkusi kang magis.[2] Pagelaran gamelan uga ana kang ngarani orkestra gamelan Jawa.[2][butuh sitiran] Ing buku kang irah-irahané Music of Java, Jaap Kunst nerangaké yèn gamelan iku kaya komparasikomparasi saka cahya rembulan lan iliné banyu, misterius kaya cahya rembulan lan obah utawa dinamis kaya milining banyu.[2]

Gamelan kalebu pérangan ing kabudayan Jawa.[2] Ing Jawa gamelan lumrahé kanggo musik pangiring pagelaran wayang kulit utawa ringgit, jogèd, uyon-uyon.[2] Jinisé laras ing gamelan ana loro yaiku laras pélog lan laras sléndro.[2] Saben sèt gamelan duwé instrumén kanggo laras pélog lan sléndro.[2]

  1. a b c Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng internet2
  2. a b c d e f g h i joglosemar.co.id Archived 2021-04-11 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 30 Mèi 2011)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy