Gemblong

Gemblong
Gemblong diwènèhi parutan klapa
Panggonan asalIndonésia
Tlatah utawa prajaJawa
Woworan pokokKetéla pohung
Buku masakan: Gemblong  Médhia: Gemblong

Gemblong iku jinising panganan cilik utawa kudhapan. Jinising gemblong akèh banget. Ana sing digawé saka téla pohung, lan saka beras ketan. Gemblong akèh tinemu ing tlatah Jawa Tengah, Jawa Wétan, Ngayogyakarta lan Jawa Kulon. Ana uga papan kang ngarani gemblong iku jadah utawa tetel. Ing tlatah Jawa Kulon.

Gemblong saka beras ketan biyasa dibakar lan dipangan nganggo sambel oncom. Saliyané iku gemblong uga didol wujud panganan awujug bunder lonjong sing diblebet gula.

Gemblong racaké paling énak yèn diwur-wuri parutan klapa lan dipangan ing wanci ésuk karo dikancani tèh utawa kopi anget, sinambi maca koran. Ing karang padésan Jawa Tengah, gemblong minangka salah siji panganan utawa jajan pasar sing kerep dituku kanggo ngirim sarapan wong tandur pari, matun utawa mluku lan nggaru ing sawah.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy