Geplak

Geplak
Geplak
Panggonan asalIndonésia
Buku masakan: Geplak  Médhia: Geplak

Geplak yaiku jajanan khas kutha Bantul kang digawé saka parutan klapa lan gula pasir utawa gula jawa, kang rasané legi.[1] Ana uga kang ngarani geplak iku jajanan khas Betawi yèn ditambahi glepung beras lan godhong jeruk purut. Ana uga geplak kang digawé saka waluh.[2] Industri geplak lumrahé bisa ditemoni ing Bantul, Yogyakarta yaiku minangka indhustri rumah tangga. Nanging saiki geplak bisa ditemoni ing endi-endi. Geplak paling énak dipangan anget-anget. Biyén geplak dadi gantiné sega nalika usum paceklik.[3]

  1. MG Retno Setyowati, "Kabupatén Bantul", Litbang Departemen Keséhatan, Selasa, 20 Februari 2001[pranala mati permanèn]
  2. "Geplak Waluh", Kronik Unika Soegijapranata, Edisi 35-36, 17 Desember 2004[pranala mati permanèn].
  3. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2011-08-15. Dibukak ing 2011-09-05.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy