Godhong

Godhong pakis
godhong iki kajupuk pas ana ing daerah wonogiri

Godhong iku salah siji organ tetuwuhan kang tuwuh ing batang kang fungsi mligi nyerep énergi cahya srengéngé kanggo fotosintesis. Lumrahé wernané ijo amarga ing kana ana jaringan kang paling akèh ngandhut klorofil. Godhong wujud organ tetuwuhan kang paling amba saéngga bisa nyerep ènergi cahya srengéngé saokèh-okèhé.

Godhong duwé peran kang wigati ing prosès mrodhuksi bahan pangan tetuwuhan supaya bisa tetep urip lan tuwuh amarga tetuwuhan iku organisme autotrof obligat kang kudu masok kabutuhan energiné dhéwé liwat konvèrsi ènergi cahya dadi ènergi kimia.

Werna ijo godhong asalé saka kandhungan klorofil ing godhong. Klorofil iku senyawa pigmen kang duwé peran nyeléksi panjang gelombang cahya kang energiné dijupuk kanggo fotosintesis. Sabeneré godhong uga duwé pigmèn liya, umpamané karoten (wernané jingga/kuning tuwa), xantofil (wernané kuning), lan antosianin (wernané abang, biru, utawa ungu, gumantung drajat keaseman). Godhong tuwa kélangan klorofil saéngga wernané malih dadi kuning utawa abang (bisa dipirsani kanthi cetha ing godhong kang rogol).


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy