Hollandsch-Inlandsche School

Siswa-siswa HIS nalika plesir ing Cisarua kanthi pangawasan mahasiswa Hogere Kweekschool (sekolah pendhidhikan guru) Bandung ing taun 1925-1926
Siswa HIS Sumenep ing taun 1934

Hollandsch-Inlandsche School (HIS) iku sekolah ing jaman penjajahan Walanda. Sekolah iki diadegaké pisanan ing Indonésia nalika taun taun 1914[1] sairing lumakuné Pulitik Etis. Sekolah iki kalebu sekolah ing tataran cendhèk (Lager Onderwijs) utawa satingkat karo Pendhidhikan Dhasar saiki (SD utawa MI). HIS migunakaké Walanda (Westersch Lager Onderwijs), béda karo Inlandsche School sing migunakaké basa asli laladan.

Sekolah iki dianakaké kanggo wong Indonésia asli, utawa asring ingaran Sekolah Bumiputera Walanda. Lumrahé kasedyakaké kanggo anak-anak ningrat, wong-wong kondhang, utawa punggawa nagari. Dawaning sekolah iku 7 (pitung) taun.

  1. Mission Schools in Batakland (Indonésia) 1861-1940, Jan S. Aritonang, Penerbit E.J.Brill, 1994[pranala mati permanèn]

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy