Intip

Aksara Latin
     
Intip
Intip sega
Panggonan asalIndonésia
Tlatah utawa prajaJawa
Woworan pokoksekul (beras)
Buku masakan: Intip  Médhia: Intip

Intip iku panganan kang digawé saka sega. Asal muasalé, dhèk jaman biyèn ibu-ibu yèn masak utawa ngliwet sega nganggo kwali utawa kendhil.[1] Yèn segané wis setengah mateng banjur dipindahaké menyang dandang, banjur dikukus. Lumrahé ing dhasar kwali mau ana sega kang isih nèmpèl kang wujudé kapara rada gosong. Sega kang nèmpèl iku kang diarani intip. Intip kang kari ana ing dhasar kwali dikerok lan banjur dipépé nganti garing. Yèn wis garing banjur digorèng, iki kang jenengé intip gorèng.

Intip uga énak yèn sawisé dijupuk saka kwali banjur disiram duduh jangan utawa dipangan nganggo parutan klapa lan dipangan minangka nyamikan.

Jaman saiki intip wis akèh didol ing toko-toko kang nyadiakaké olèh-olèh panganan kas. Intip kang misuwur antarané saka Sala.

  1. Suara Merdeka Cetak: Kreativitas Perempuan Bertahan Hidup[pranala mati permanèn] (diaksès 23 Juni 2011)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy