Iwel-iwel

Iwel-iwel
Iwel-iwel
Panggonan asalIndonésia
Tlatah utawa prajaJawa
Woworan pokokglepung beras ketan
Buku masakan: Iwel-iwel  Médhia: Iwel-iwel

Iwel-iwel iku panganan tradhisional wujud jajan pasar sing racaké tinemu ing tanah Jawa. panganan iki kagawé saka glepung ketan dicampur parutan Klapa lan uyah banjur dibuntel godhong gedhang utawa godhong lontar. Ing tengahing adhonan mau diisèni gula abang utawa gula jawa. Buntelan adonan mau banjur didang nganti mateng[1].

Panganan iwel-iwel iki racaké dimasak nalika ana adhicara kaya ta sekatènan, malem 1 Sura lan kanggo slametan selapanan bayi[2].

  1. [ http://www.kuebasah.com/resep-iwel-iwel.html Archived 2012-06-02 at the Wayback Machine. Kuwebasah.com]
  2. Warisan kuliner Indonésia

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy