Juru bedhag-kayal iku manungsa kang urip sajeroning bebrayan kang olèhé olèh dhaharan saka ngluru (sarana ngayal utawa mbedhag), kuwalikané ya iku bebrayan tani kang uripé gumantung spésies-spésies ingon.
Mbedhag lan ngayal iku sarana adhaptasi manungsa pisanan lan kang paling ndayani, awit dumadi ing sajeroning 90 persèn sujarah manungsa.[1] Samekaré kawruh tetanèn, juru bedhag-kayal ing manéka papan kang wurung owah saka adaté nuli dikèngseraké utawa diteluk déning wong tani utawa angon.
Bebrayan saiki mung ana sathithik kang kagolong juru bedhag-kayal, déné akèh kang saliyané ngluru pangan uga nandur cara hortikultur lan/utawa ngingu kéwan.[2][3]
{{cite book}}
: |first2=
has generic name (pitulung)
{{cite book}}
: |last2=
has generic name (pitulung)