Karajan Mataram Kuna

Karajan Mataram (kuna)

Karajan Mataram (kuna), (Carakan: ꦏꦝꦠ꧀ꦮꦤ꧀ꦩꦴꦠꦫꦩ꧀) iku karajan sing ana kira-kira abad kaping 7 M, dumunung ing wewengkon njero Jawa Tengah, kira-kira ing wewengkon Kedu nganti sakiwa tengene Prambanan.

Wiwitane Mataram Kuno diprentah dening Prabu Sanna. Banjur diganteni dening Prabu Sanjaya, sawijining narendra kang wicaksana. Ing jaman pamrentahane, para kawula urip makmur.

Ing pamilahan titi mangsa sajarah Jawa Kuna, jaman Karajan Mataram Kuna iki asring ingaran "Jaman Jawa Tengah", kanggo mbédakaké nalika Pu Sindhok pindhah menyang cedhak Kali Brantas ing Jawa Wétan, sing banjur mau "Jaman Jawa Wétan."

Raja Sanjaya nganggo gelar Rakai Mataram Sang Ratu Sanjaya lan mau manggon ing kutharaja Medang (Mdang). Raja Sanjaya iki ahli ing babagan pulitik kakuasaan, wektu akir jaman kakuasaan ratu Sanna, Mataram kuna mèh ambruk nanging bisa disalametaké Sanjaya.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy