Kastil

Kastil Neuschwanstein, Jerman
Kastil Malbork Polen

Kastil utawi puri inggih punika yasan ingkang kabangun kanggé raja utawi pangéran kaliyan kulawarganipun ingkang pidalem wonten ing mriku. Dumugi abad kaping 15, kastil dipunanggep kuat sanget sesarèngan kaliyan majenging teknologi artileri yasan punika lajeng dipuntilaraken dados papan pertahanan. Padatanipun istilah kastil tegesipun winatesan papan dalem-dalem ingkang dipunbèntèngi nalika jaman tengahan Éropah ; struktur-struktur sami ingkang gadhah dwifungsi ugi saged kapanggih wonten ing yasan donya kuna. Kastil (castle) saking Basa Latin castellum, diminutrive saking tembung castrum ingkang ateges papan ingkang kabèntèngan (fortified place). Wonten ing Basa Perancis château, ing Spanyol castillo, lan ing Italia castello [1].

Kastil punika jinising struktur bètèng ingkang dipunyasa déning kaum bangsawan Éropah ing Éropah lan Timur Tengah nalika abad tengahan. Padatanipun kastil punika kanggé griya pribadi (residence) panguasa utawi bangsawan mulya. Kirang langkung 900 taun, kastil kabangun kanthi wujud ingkang manéka warna kanthi fitur ingkang sanès-sanès, wonten ugi ingkang kados témbok tirai utawi arrowslits.

  1. [1][pranala mati permanèn], (id) http://www.htysite.com Archived 2012-11-26 at the Wayback Machine. (dipun-akses tanggal 22 November 2012).

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy