Kendhang

Kendhang

Kendhang iku piranti gamelan Jawa kang ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh. Ing musik modhèren, piranti iki digolongaké piranti perkusi. Kendhang disèlèhaké ing wadhah panyangga saka kayu kang wujudé mèmper huruf Y. Kendhang ing musik gamelan fungsiné kanggo mimpin lan ngarahaké musik.[1] Kendhang duwé jinis lan ukuran kang warna-warna.[1] Ukurané kendhang antarané 20 cm nganti 45 cm.[1] Kendhang dhapuré kaya drum lan dimainaké kanthi cara ditabuh.[1]

  1. a b c d joglosemar.co.id Archived 2021-04-11 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 30 Mèi 2011)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy