Kidul

     
Kompas kanthi arah kidul diwènèhi warna ireng

Kidul iku arah mata angin. Ing peta, arah iki biyasa anané ing sisih ngisor. Arah kidul duwé sudut 180°. Ana rong warna arah kidul yaiku kidul sakbeneré (true south) lan kidul magnetis. Kidul sakbeneré iku arah menyang poros bumi sisih kidul yaiku Kutub Kidul sing dumunung ing Antartika. Arah kidul magnetik iku arah menyang kutub magnetik, yaiku arah sawatara adohé saka kutub kidul.

Lawan arah kidul yaiku lor.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy