Kitab Pangentasan

Kitab Pangentasan iki kitab kapindho kitab Torèt Musa lan dadi uga kitab kapindho Prajanjian Lawas utawa Tanakh. Ing basa Ibrani kitab iki diarani שמות Shemoth saka tetembungan wiwitan Be-eleh shemoth. Nanging ing sawatara basa Éropah, diarani nganggo jeneng Exodus. Tembung iki dijupuk saka pertalan basa Latin Santo Hieronimus kang njupuk saka Septuaginta, pertalan basa Yunani. Iki tegesé "pangentasan", lan mligi "pangentasan" bangsa Yahudi saka tanah Mesir, ing ngendi kabèh didadèkaké ulun.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy