Komputer

     

Komputer iku piranti kanggo ngolah informasi miturut prosedur kang wis katemtokaké.

Laboratorium komputer ing Universitas Warwick

Tembung computer wiwitané kanggo nggambaraké manungsa kang gawéané ngitung aritmatika, kanthi utawa tanpa piranti bantu, nanging tegesé tembung iki banjur pindhah menyang mesin mau. Mula bukané, pangolahan informasi mèh tansah sesambungan klawan prakara aritmatika, nanging komputer modern kanggo uga digunakaké ing saknjabané matématika.

Ing panyebutan kaya mangkéné iki uga ana piranti kaya slide rule, jinis kalkulator mekanik wiwit saka abakus lan sabanjuré, nganti kabèh komputer elektronik kontemporer. Istilah iki luwih cocog kagunakaké ing arti kang luwih amba, ya iku komputer iku "pamroses informasi" utawa "sistem pangolah informasi."

Komputer

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy