Kopi

Kopi
Wiji kopi kang wis digoreng
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Ordho: Gentianales
Famili: Rubiaceae
Subfamili: Ixoroideae
Tribe: Coffeeae
Génus: Coffea
Spésies tipe
Coffea arabica[1]
Caramel Latte, salah sawijining olahan kopi.

Kopi iku ombenan kang digawé saka wiji kopi kang diobong utawa digorèng. Lumrahé wijiné iki saka tuwuhan coffea arabica utawa coffea canephora (robusta). Kopi kang asalé saka Jawa uga misuwur banget saindenging jagat. Kopi wujud sumber utama kafein.

Saiki kopi dadi komodhitas angka loro kang paling akèh didagangaké sawisé lenga bumi. Total 6,7 yuta ton kopi diprodhuksi watara taun 1998-2000 waé. Diprakirakaké ing taun 2010, Prodhuksi kopi ing donya bakal tekan 7 yuta ton per taun (saka FAO).

  1. "Genus Coffea". Taxonomy. UniProt. Dibukak ing 2010-05-13.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy