Kopi Luwak

Salah siji produk kopi luwak

Kopi luwak iku jinis kopi sing digawé saka wiji kopi lan sadurungé wis dipangan déning luwak.[1] Ing jero weteng luwak, wiji kopi ora bisa kacerna amarga atos, saéngga nalika wiji kopi metu bareng karo telèké isih wutuh.[2] Wiji kopi kang wis kafermentasi kanthi alami ing jero weteng luwak, bisa gawé rasa kopi luwak béda karo kopi liyané.[3] Miturut peneliti saka Kanada, protéin ing weteng luwak nggawé wiji kopi kafermentasi kanthi mateng, saéngga rasa kopi luwak béda karo kopi liyané.[3] Suhu nalika fèrmentasi ing jero weteng luwak bisa nganti 200-265 derajat celcius.[4] Fèrmentasi ing jero weteng luwak suwené nganti 48 jam.[4] Sedina luwak bisa ngasilaké 0,2-o,4 kg wiji kopi luwak.[4]

Jeni kopi luwak ana 2, ya iku robusta lan arabika.[4] Jinis kopi luwak arabika digawé saka spésies kopi arabica.[4] Jinis kopi arabika paling akèh ing donya, cacahé 60% saka produksi kopi sadonya.[4] Tuwuhan kopi arabika uripé ing dataran dhuwur, dhuwuré tuwuhan iki 4-6 mèter.[4] Kandhungan kafeiin ing kopi arabika 1,5 % lan duwé 44 kromosom.[4] Kopi robusta uga diarani coffea canephora, dhuwure bisa ngati 10-12 mèter lan bisa ditandur ing panggonan kang luwih endhèk saka habitat kopi arabika.[4] Kopi robusta kandhungan kafeine luwih dhuwir ketimbang kopi arabika, kandhungan kafein kopi robusta 2,8% lan kromosomé setengah saka kopi arabika, 22 kromosom.[4] Ambuné kopi robusta luwih kuwat, lan rasané uga nétral.[4] Kopi jinis iki akèh tinemu ing warung-warung ing Indonésia minangka kopi instant.[4]

  1. kopi luwak Archived 2011-02-07 at the Wayback Machine. (kaundhuh tanggal 23 Fèbruari 2011)
  2. cara pembuatan kopi luwak Archived 2011-03-05 at the Wayback Machine. (kaundhuh tanggal 23 Februri 2011)
  3. a b kopi luwak termahal Archived 2011-02-21 at the Wayback Machine.(kaundhuh tanggal 23 Fèbruari 2011)
  4. a b c d e f g h i j k l Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng internet6

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy