Kuomintang

Lambang Parté Kuomintang

Kuomintang utawa Parté Nasionalis China (Hanzi: 中國國民黨; hanyu pinyin: zhongguo guomindang) iku parté pulitik kang tuwa dhéwé sajeroning sajarah modern Tiongkok. Parté diyasa déning Sun Yat-sen mawa tujuan révolusi nglawan kamaharajan Qing lan ngadegaké Républik China minangka panganyaran ing Tiongkok.

Saiki, Kuomintang iku parté dominan ing Républik China (Taiwan) lan njurung pamanunggalan karo Républik Rakyat China tinimbang kamardikan Taiwan.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy