Kupat

     
Kupat
Kupat
Kupat
Panggonan asalIndonésia
Tlatah utawa prajaJawa
Woworan pokokberas
Buku masakan: Kupat  Médhia: Kupat

Kupat utawa ketupat iku panganan kas Asia Kidul-Wétan mawa bahan dhasar beras kang dibungkus nganggo slongsong saka nam-naman godhong klapa (janur). Kupat paling akèh tinemu nalika dina riyaya, yaiku nalika umat Islam rampung pasa ing sasi Ramelan.

Panganan kas kang migunakaké kupat antarané: kupat tahu (Grabag, Kabupatèn Magelang), lan kupat glabet (Kutha Tegal). Kupat uga kerep disuguhaké nganggo saté utawa opor. Saliyané ing Indonésia, panganan kupat uga tinemu ing Malaysia, Brunei lan Singapura.

Ana rong jinis wangun kupat yaiku kepel (luwih umum) lan jajaran genjang. Saben wangun duwé alur nam-naman kang béda. Kanggo gawé selongsong kupat perlu dipilih janur kang kualitasé apik, yaiku kang dawa, ora kanomen lan ora ketuwan.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy