Kutha Semarang

Kanggo artikel ngenani Kabupatèn Semarang, pirsani Kabupatèn Semarang
Kutha Semarang
سٓماراڠ
Lambang Kutha Semarang
Pusat Kutha Semarang
Pusat Kutha Semarang
Sesanti: "Semarang Setara" ()
Dina Dadi: 2 Mèi 1547
Walikutha: Hendrar Prihadi, S.H.
Wakil Walikutha:
Jembar
 -Total:

373,67 km²
Kacamatan
 -Cacahe:

16 Kacamatan
Padunung
 -Total:
 -Kapadhetan:

+/-2.067.254 (2012)
+/-5.500/ km²
Suku Bangsa: wong Jawa
Agama: Kajawèn, Islam, Protèstan, Katulik, Hindhu lan Buda
Basa: basa Jawa lan basa Indonésia

Kutha Semarang (Pegon: سٓماراڠ, Jawa: ꦑꦸꦛꦯꦼꦩꦫꦁ) kitha krajan Provinsi Jawa Tengah saha kitha ageng piyambak wonten ing provinsi menika. Ing Indonésia, Kitha Semarang punika dados kitha nomer gangsal kaliyan Padunung ingkang sampun ngancik 2.067.254 jiwa, namung kalah kalihan Jakarta, Surabaya, Bandung, lan Medan[1] Kitha menika mapan wonten ing antawisipun 466 km sisih wétan Jakarta, utawi 312 km sisih kulonipun Surabaya lan 624 km sisih kidul-kulonipun kitha Banjarmasin (via udara).[2] Semarang wewatesan ing sisih lor karo Seganten Jawa, ing sisih wétan kalihan Kabupatèn Demak, ing sisih kidul kalihan Kabupatèn Semarang lan ing sisih kulon kalihan Kabupatèn Kendhal.

  1. Situs wèb Kutha Semarang Archived 2011-12-21 at the Wayback Machine. (diksés tanggal 15 Juni 2011).
  2. Mandala Air tak Naikan Tarif

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy