Kutha Tanjungpinang

Cithakan:Kutha krajan provinsi

Barkas:Kutha bestari Tanjung Pinang.JPG
Tanjung Pinang, Kutha Bestari

Kutha Tanjung Pinang iku salah siji kutha sisan minangka kutha krajan saka Provinsi Kapuloan Riau, Indonésia. Dumunung ing koordinat 0º5' Lintang Lor; 104º27' Bujur Wétan. kutha iki duwé pesona narik kawigatèn kanthi manéka warna kultur budaya suku saka amèh kabèh bebrayan ing Indonésia lumebu ing kutha iki, nganggo basa Melayu kang isih kagolong klasik, lan rada unik keprunguné nanging duwé daya tarik. Kutha iki duwé akèh area wisata kaya déné Pulo Penyengat kang leté mung watara 2 mil saka plabuhan sagara Tanjung Pinang, pasisir Trikora kanthi pasir putihé kurang luwih 65 km saka kutha lan pasisir Cermin ing punjer kutha. Tanjung Pinang ditingkataké statusé dadi kutha miturut UU Nomor 5 Taun 2001 tanggal 21 Juni 2001.

Ana kutha cilik kang leté kurang luwih 24 km saka kutha iki kang jenengé Kota Kijang.

Plabuhan sagara Tanjung Pinang (plabuhan Sri Bintan Pura) duwé kapal-kapal jinis feri lan feri rikat kalebu uga speedboat kanggo aksès domestik menyang pulo Batam lan kutha-kutha liya ing Riau dharatan, Kapuloan Karimun lan Kundur, sarta aksès internasional menyang Nagara Malaysia lan Singapura


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy