Labu siam

Labu siam
Labu siam didol ing Réunion
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Violales
Famili: Cucurbitaceae
Génus: Sechium
Spésies: S. edule
Jeneng binomial
Sechium edule
(Jacq.) Swartz, 1800

Labu siam utawa jipang (Sechium edule, basa Inggris: chayote) ya iku tuwuhan saka suku labu-labuan (Cucurbitaceae) kang bisa dipangan woh lan pucuké (pupus) kang isih enom.

Ing Indonesia, labu siam kagolong salah siwijiné janganan (sayuran) kang akèh didol ana ing pasar. Wohé bisa digodhog kanggo ngilangi tlutoh (getah) lan bisa kanggo lalapan karo sambel, uga bisa dicampur jangan bening utawa jangan bobor. Wohé bisa uga dirajang kanggo campuran ngémpikake siomay. Labu siam ing Mexico dadi panganan pokok. Ing tlatah Australia, woh labu siam diiris, diwènèhi glepung panir, banjur digorèng.

Labu siam ing tlatah Indonésia sok diarani labu siam amarga tuwuhan iki asalé saka Thailand (Siam, jeneng Thailand jaman biyèn). Ing tlatah Basa Sundha dijenengaké lèjèt lan wong Jawa asring nyebut jipang (Jawa Tengah), manisah (Jawa Wétan), lan waluh siam (Jawa Kulon).[1] Déné ing Inggris diarani chayote, ing Perancis diarani christophene, lan ing China diarani chowchow.

  1. Labu siam bermanfaat untuk keséhatan[pranala mati permanèn](diundhuh 3 Maret 2013)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy