Layang Paulus Roma

Layang Paulus Roma, iku pakumpulané layang rasul Paulus marang para jumuwah ing kutha Roma. Kitab iki péranganing Prajanjian Anyar lan kitab nomer ping enem serta layangé kang dawa dhéwé. Tulisan iki dipracayani minangka tulisan asli Paulus.[1][2] Sajroning layang iki ana kesan menawa tugas Paulus ing kawasan wétan Kakaisaran Romawi kanggo golèk dana kanggo para jumuwah ing Yérusalèm wus rampung.[3] Katoné layang iki kang pungkasan ditulis Paulus ing tlatah Yunani.[2] Ana kang nganggep menawa layang iki ringkesan pepak saka sakabèhé téologi Paulus.[4] Perkara iki déné kaanan jiwa Paulus kang luwih réflèktif nalika nulis layang iki tinimbang nalika nulis Galatia utawa layang Korintus.[4] Layang Paulus marang para jumuwah ing Roma iki katulis kanggo nyiyapaké wong-wong iku kang arep ditekani Paulus, saliyané iku Paulus uga arep ngalusaké sawatara aspèk pamikirané kang tibakné surasané dimangertèni luput, dadi prakara iki prioritasé rikala iku.[4]

  1. Pengantar Alkitab Lembaga Alkitab Indonesia, 2002
  2. a b Samuel Benyamin Hakh. 2010, Perjanjian Baru: Sejarah, Pengantar dan Pokok-pokok Teologisnya. Bandung: Bina Media Informasi. hlm. 201-210.
  3. M.E. Duyverman. 1990, Pembimbing ke dalam Perjanjian Baru. Jakarta: BPK Gunung Mulia. hlm. 94-101.
  4. a b c (ing basa Indonésia) John Drane. 2005, Memahami Perjanjian Baru. Jakarta: BPK Gunung Mulia. hlm. 369-372.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy