Masakan Thailand

Kari panganan sagara ala Thai
Tom yum kung (tom yum urang)

Masakan Thai utawa masakan Thailand nyakup panganan lan ombènan sarta cara masak kas Thailand. Ciri kas masakan Thai yaiku rasa pedhes lan akèh bumbuné, nanging dipadu karo keseimbangan rasa legi, asin, kecut, lan pedhes.

Sanajan kabèh ingaran masakan Thai, ing Thailand ana patang jinis masakan laladan kang asal saka patang laladan utama: Thailand Lor, Thailand Wétan lor (masakan Isan), Thailand Tengah, lan Thailand Kidul. Saben masakan laladan olèh prebawa saka masakan Cina lan masakan nagara-nagara tanggané. Ora kaya kari kas Thailand kang migunakaké bumbon crakèn seger, kari Thailand Kidul nganggo bumbon crakèn garing kang digorèng kaya kari India.[1] Ciri kas liya masakan Thailand Kidul yaiku nganggo santen lan kunir seger. Mayoritas kang ndunungi Thailand Kidul nganut agama Islam. Leluhuré teka saka anak bawana India punjul rong èwu taun kapungkur satemah masakan Thailand Kidul mèmper karo masakan India.[1] Masakan Thailand Wétan lor (Isan) kerep nganggo peresan jeruk, lan kaprabawan déning masakan Laos. Sapérangan gedhé panganan Thai kang kaloka saiki minangka adhaptasi saka masakan Cina kang diwanuhaké ing Thailand déning wong Tio Ciu kang mayoritas wong Cina-Thai. Masakan kang wiwitané asal saka Cina, umpamané: jok, kwetiau rad na, khao kha moo (moo pa-loh), bamii (Thai: บะหมี่, mi kuah), lan khao mun gai

Bumbu lan bumbon crakèn dianggo sajeroning kaanan seger (dudu bumbon crakèn garing). Bumbu-bumbu kang umum sajeroning masakan Thai yaiku antarané: lombok rawit, lombok abang, santen, kécap iwak (nam pla), jahe, bawang, brambang, godhong ketumbar, seré, trasi (kapi), gula jawa, lan asem jawa.

  1. a b Kasma, Loha-unchit. "Southern Cooking – Thai Style". Dibukak ing 2009-08-10.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy