Mekah

Masjidil Haram kang dumunung ing Kutha Mekah
Ka'bah sajroning Masjidil Haram
Kutha Mina, papan kanggo nyawat jumrah nalika haji

Mekah utawa Makkah Al Mukarromah (basa Arab: مكة المكرمة) iku sawijining kutha kang utama ing wewengkon negara Arab Saudi kang dadi papan kang utama kaum muslimin sajeroning nindakake ngibadah haji. Ing Kutha Mekah dumunung sawijining yasan kang utama yaiku Ka'bah kang dadi pathokan kéblat kanggo salat kaum muslimin ing saindhenging jagad sarta prosesi Ibadah haji. Kautaman Kutha Mekah, saliyané panggonan miyose Kanjeng Nabi Muhammad Saw, uga anané Masjidil Haram lan Ka'bah ing sajeroné, kacetha ing sabda Nabi:

"Salat ing Masjidil Haram bakal antuk ganjaran tikel 100.000 "

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy