Misha Defonseca

Misha Defonseca (lair ing Etterbeek, Bèlgia, 12 Mèi utawa 2 September 1937) iku sawijining penulis buku Amérikah Sarékat asal Bèlgi. Dhèwèké nulis buku ajudhul Misha: A Mémoire of the Holocaust Years, kang jaréné minangka mémoaré nalika jaman Perang Donya II. Buku iki diterbitaké ing taun 1997. Vèrsiné ing basa Prancis didadèkaké filem mawa judhul Survivre avec les loups ("Awèt urip karo sregala"). Nanging tanggal 29 Fèbruari 2008, Defonseca liwat pengacarané ngaku yèn karyané iki namung fiksi waé kamangka sadurungé dikandhakaké karyané iki dhedhasar kisah nyata.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy