Musiyum

Musiyum Louvre, Paris, Perancis, salah siji musiyum gedhé dhéwé sadonya.

Muséum utawa musiyum iku gedhong/yasan kanggo nyimpen patilasan utawa barang kang ngandhut sajarah. Ing jaman saiki, akèh uga musiyum kang nyimpen barang-barang kontemporèr, ora mligi marang sing kuna banget.

Musiyum manut Encyclopedia Americana (EA), tegesé siji lembaga institusi sing awèh pangladènan telung prakara: pengumpul, pelindung, lan mamerake obyek.[1] Miturut Budpar ing (Pasal 1.(1). PP. No. 19 Tahun 1995), Musiyum ing kaitane karo warisan budaya, yaiku lembaga, panggonan nyimpen, ngrawat, ngamanake barang bukti materiil asil budayane manungsa, alam, lan lingkungan kanggo nyengkuyung usada perlindungan lan pelestarian kekayaan budaya bangsa [2].

  1. Kalawarti Panjebar Semangat. 1997.Hal 4-5
  2. Koleksi Museum Budpar.go.id[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 22 Fèbruari 2011)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy