NASCAR

Cithakan:Infobox sport governing body National Association for Stock Car Auto Racing (NASCAR) wujud perusahaan Kang diduwèni déning kulawarga lan nyelenggarakaké pira-pira macam even balapan. Didegaké déning Bill France Sr. pada 1947-48. Saiki, kang nyekel kalungguhan CEO ing perusahaan iki ya iku cucunya, Brian France.[1] NASCAR wujud penyelenggara balap mobil gedhé dhéwé ing Amérika Sarékat.[2] 3 seri balapan gedhé dhéwé NASCAR ya iku Seri Piala, Seri Nationwide, lan Seri Truk. NASCAR nyetujoni punjul 1.500 balapan ing 100 trek ing 38 praja ing Amérika Sarékat. Saliyané iku NASCAR uga nggelar balapan ing Kanada, Meksiko lan Éropa. NASCAR uga nganakaké pira-pira balapan eksibisi ing Suzuka, Jepang. Motegi, Jepang, lan Calder Park Raceway, Australia.[3]

Kantor pusat NASCAR ana ing Pasisir Daytona, Florida kalebu uga kantor-kantor cabang liyané ing papat kutha ing praja North Carolina: Charlotte, Mooresville, Concord, lan Conover[4] Kantor regionalé ana ing New York City, Los Angeles, Bentonville. Kanggo kantor ing jaba Amérika mapan ing Mexico City lan Toronto.

NASCAR wujud salah siji saka ulah raga kang paling akèh dideleng andhedhasar rating televisi ing Amérika Sarékat. Faktané, amung National Football League-lah kang duwé akèh penonton katandhing NASCAR. Ing jaba Amérika, NASCAR disiaraké ing punjul 150 nagara.[5] Nalika taun 2004, direktur keamanan NASCAR nyatakaké NASCAR ana ing urutan marang 17 saka 20 acara ulah raga rutin minggon kang ditekani penonton saben musimé.[6] Majalah Fortune nyatakaké aliran dhuwit sponsorship perusahaan kang ngalir img NASCAR ngluwihi ajang balapan liyané saka Formula Satu utawa MotoGP sanajan awit Serangan 11 September 2001 kang berdampak langsung ing perekonomian ing Amérika Sarékat, pira-pira perusahaan wiwit ngurangi kagiyatan sponsor dhèwèké ing ajang ulah raga.[7]

  1. DiCicco, Christopher (November 3, 2007). "NASCAR's Organizational Structure By". Buzzle.com. Dibukak ing April 18, 2009.
  2. "History of NASCAR". Famento, Inc. February 20, 2009. Dibukak ing April 18, 2009.
  3. "Exhibition Races". racing-reference.info.(Kaunduh 5/2/13)
  4. "RACING FAQ, NASCAR Trivia and TECH Questions". Jayski LLC, ;; Owned and served by ESPN. February 15, 2009.(Kaunduh 5/2/13)
  5. "All About NASCAR". ShaveMagazine.com. Diarsip saka sing asli ing 2022-12-01. Dibukak ing 2013-02-05.
  6. "Public Venue Security 01/04: On the Move". Publicvenuesecurity.com. Diarsip saka sing asli ing 2011-05-14. Dibukak ing 2013-02-05.(Kaunduh 5/2/13)
  7. "NASCAR: A Once Hot Sport Tries to Restart Its Engine". Time. April 26, 2010. Diarsip saka sing asli ing May 20, 2013. Dibukak ing February 5, 2013.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy