Olah-olahan Sunda

Contoh masakan Sundha dipunsajikaken kanthi lèsèhan.

Olah-olahan Sundha inggih punika olah-olahan saking masarakat Sundha ing Jawi kilen, Indonèsia. Inggih punika salah satunggaling dhaharan ingkang populèr ing Indonésia. Dhaharan Sundha kagungan titikan kesegeran bahanipun, lalap sampun misyhur dipundhahar kaliyan sambal lan ugi karèdok nunjukakén kagémaran priyantun Sundha dhumateng sayuran méntah ségér. Bèntén kaliyan masakan minangkabau ingkang sugih raos lan pédès kaliyan ngandung bumbu kari lan santén ingkang kéntél, masakan Sundha nampilakén cita raos ingkang ringan, prasaja, lan gamblang; berkisar antawis gurih asin, asem ségér, legi ringan, lan pédés.

Sambal terasi inggih punika bumbu penyerta ingkang paling lajim wonten ing hidangan Sundha, dipundhahar kaliyan lalab utawi tahu lan tempe goreng. Sayur asem kaliyan kuah berbumbu asem jawi manawi inggih punika sayur ingkang paling populèr ing hidangan Sundha. Jinis sayuran populèr sanès inggih punika Soto Bandung, satunggal jinis soto kaliyan irisan daging lembu lan lobak, sarta mi kocok, setunggal jinis mi kaliyan daging lembu lan kikil.

Titikan kas masakan Sundha inggih punika pengolahanipun ingkang praktis lan boten langkung ngerepotaken, nanging boten nyampingaken faktor raos lan penampilan masakan ingkang dipunsajiaken. Cita raos kas masakan laladan Sundha ingkang sugih dados daya tarik piyambak manawi kanggé priyantun saking laladan Jawi kidul utawi laladan-laladan sanèsipun amargi jumbuh kanggé lidhah sadanten kèmawon.[1]

  1. Resep Masakan Sunda Archived 2012-09-19 at the Wayback Machine.(dipununduh Tanggal 5 Novèmber 2012)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy