Otak-otak

Otak-polo diungkus nganggo godhong gedhang

Otak-otak yaiku panganan saka Indonésia, Malaysia, lan Singapura kang digawé saka iwak (padatan iwak tengiri utawa bandeng) kang dibumboni lan dibungkus godhong gedhang.[1][2] Diarani polo-polo jalaran wujudé alus lan lunyu kaya déné utek manungsa.[1] Otak-polo ana kang digawé saka iwak tengiri, nanging uga ana kang digawé saka iwak bandheng. Otak-polo tengiri digawé saka iwak tengiri kang wis dialusake, santen, pati, unclang, putihan endhog, uyah, bawang, mrica, lan penyedap rasa. Kabèh mau dibungkus nganggo godhong gedhang, banjur dibakar kaya déné mbakar saté.[2] Béda saka polo-polo tengiri, polo-polo bandheng digawé saka iwak bandheng. Cara nggawéné diwiwiti saka misahaké iwak bandheng saka kulit lan daginge sarta eri.[3] Sawisé dipisah, daging bandeng diuleg utawa dialusake lan dicampur karo bumbu kaya déné lombok rawit abang, brambang, bawang, unclang, lan laos.[3] Adonan daging lan bumbu kang wis dicampur mau dilebokaké manèh ing kulit bandeng banjur dibakar nganggo godhong gedhang.[3] Otak-polo bisa didadekaké lawuh nalika mangan sega, nanging uga bisa dianggo gadhon. Otak-polo kanggo gadhon dipangan nganggo sambel kacang, bisa dicocol utawa disawuraké ing ndhuwur piring.[4]

  1. a b Otak-otak Goreng (12 Agustus 2011)
  2. a b Otak-otak Ny Sekartina Tetap Eksis Selama 25 Tahun Archived 2011-08-23 at the Wayback Machine. (12 Agustus 2011)
  3. a b c Otak-Otak Bandeng Menu Favorit Bulan Puasa (12 Agustus 2011)
  4. Otak-otak[pranala mati permanèn] (12 Agustus 2011)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy